Get me outta here!

Sindenrela lan Sendal Jepit ( Drama bahasa Jawa )




Sindenrela lan Sendal Jepit

Sindenrela kuwi gadis desa sing pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur kuwalon anyar jenenge Rahayu. Ibu tiri lan Rahayu mau senenge nyiksa Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina Sindenrela dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.

Sindenrela nduwe kanca jenenge Tukimin. Tukimin kiye wis dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo Tukimin tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi. Apa maning masalah karo ibu tirine lan Rahayu, ora ketinggalan di ceritakake meng Tukimin.

Babak I
( esuk-esuk nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri                   :  Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!” ( lungguh ing ngarep TV  karo kipas kipas )
Sindenrela          :  Dalem, Bu?” ( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri                   :  Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbaih siki!
Sindenrela          :  Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng...” ( Sindenrela durung rampung ngomong, wes dipedhot ibu tirine )
Ibu tiri                   : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki kabeh kudu rampung!
Sindenrela          :  Nggeh, Bu...” ( karo manthuk manthuk )
Rahayu                 :  Sindenrelaaaaa!
Sindenrela          : Dalem, Mba?” ( mlayu marani Rahayu )
Rahayu                 :  Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!” ( mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela )
Sindenrela          :  “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah piring.”
Rahayu                 :  Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku omongna Ibu nek kowe ora gelem!”
Sindenrela          : Ampun to, Mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nenggo sekedap malih...” ( Sindenrela banjur cepet cepet nggosok klambine Rahayu )

Babak II
( Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin teka lewat lawang mburi )
Tukimin                : Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng nangis?” ( nyedhak marang Sindenrela )
Sindenrela          :  Rasaku kok kesel banget ya, Min. Aben-aben dikon nyambut gawe kayak kiye...” ( ngulapi iluhe kang netes )
Tukimin                : Sing legowo, Nden. Sing ikhlas.. Kabeh tindak-tanduke dewek mesti dibales karo Gusti Allah. Sanajan ora ngerti kapan wektune.
Sindenrela          :  Iya, Min. Apa kuwe sing nang tangan, sing kowe cekel?” ( karo nunjuk tangan tengene Tukimin )
Tukimin                :  Nah, tembe bae aku arep ngomong. Kiye mau ana undangan saka Jaka Sembung. Dadi Jaka Sembung kiye critane arep nganakake acara kanggo golek bojo.”
Sindenrela          : “Temenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing umaeh nang desa sebelah kae, to?” ( kaget )
Tukimin                :  “Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Mbog kowe tau cerita...”
Sindenrela          :  “Moso sih?”
Tukimin                :  “Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...” ( ngguyu ngledo Sindenrela )
Sindenrela          : Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!” ( nutupe raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe )
Tukimin                :  “Iya, iyaaa... Kiye undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah. Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.”
Sindenrela          : “Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti ulih apa ora karo Ibu.”
Tukimin                :  Pamit bae karo Bapakmu wae nangapa?
Sindenrela          :  Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur maring Bapak.
Tukimin                :  Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari ya. Aku arep bali disek. Assalamu’alaikum...”
Sindenrela          :  “Walaikumsalam...”
Rahayu                 : “Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela          :  Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.
Rahayu                 : Jan, kaya kuwe tok be kesuwen! (njukut klambine)Loh, kuwe apa sing kowe cekel?
Sindenrela          :  Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.
Rahayu                 :  Kiye kan undangan acarane Jaka Sembung? Deneng kowe bisa ulih juga? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka Sembung seneng marang kowe! Jaka Sembung kuwe seneng wong wedon sing kaya aku, udu kaya kowe!”
Sindenrela          :  “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek acara menika.”
Rahayu                 :  “Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela                : ( bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune )
Ibu tiri                   : “Apa to? Kok bengok-bengok?
Rahayu                 :  “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung ngawontenaken undangan pados garwa mangke ndalu?
Ibu tiri                   : Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?
Rahayu                 : Nggeh, Bu.  Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu nggeh, Bu?
Ibu tiri                   :  Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin tok mengko nang kana!
Sindenrela          :  Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten pareng?
Ibu tiri                   :  Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang umah, resik-resik! Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!”

Babak III
( Mlebu wayah bengi Rahayu karo ibu tirine Sindenrela sibuk nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka Sembung. Rahayu ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah )
Sindenrela          : “Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” ( Sindenrela ndonga karo nangis )
Tukimin                : Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!” ( ngetok ketok lawang omahe Sindenrela )
Sindenrela          :  Walaikumsalam, mlebu bae, Min!
Tukimin                :  Nden, deneng kowe tesih nang umah?” ( bingung ndeleng Sindenrela kang iseh nyapu )
Sindenrela          :  “Aku ora ulih melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang umah bae resik-resik.
Tukimin                :  Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo narik narik tangane Sindenrela )
Sindenrela          : Tapi nek aku dukani Ibu piye, Min. Aja ngawur kowe!” ( nguculke tangane kang ditarik Tukimin )
Tukimin                :  Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!
Sindenrela          :  Tapi aku ora nduwe klambi maen, Min...” ( ndeleng klambi kang dinggo dekne )
Tukimin                :  Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot apa-apane! Geh aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang isine klambi )
Sindenrela          :  “Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kancan kaya kowe, Min! Aku tak ganti disit ya...”
Tukimin                :  Iya, iya, cepetan!
Sindenrela          :  (metu saka kamar) Piye, Min? Wagu ora?
Tukimin                : Ayu koh, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling!” ( ngacungake 2 jempol tangane )
Sindenrela          :  Halah, ngapusi ya?
Tukimin                :  Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak pit, piye?
Sindenrela          :  Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen aku ora nduwe sepatu, Min!”
Tukimin                :  “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela          :  “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”

Babak IV
( Sindenrela diboncengna Tukimin maring umaeh Jaka Sembung nang desa sebelah. Tekan umaeh Jaka Sembung )
Tukimin                :  Wis nganah mlebu, aku nang njaba bae. Mengko nek wis rampung parani aku nang pos ronda kae ya...” ( ngacungi pos ronda kang ana ing pojokan )
Sindenrela          :  Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!
Tukimin                : Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae. Wis nganah!”
Sindenrela          :  “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku marang pesta ing omahe Jaka Sembung )

Babak V
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka Sembung. Karo isin soale Sindenrela mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae njagong kursi Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )
Jaka Sembung   :  “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela          : Sinden, Sindenrela.” ( karo isin isin )
Jaka Sembung   :  Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.
Sindenrela          :  Mas Jaka bisa bae...( raine Sinden abang amarga isin )
Jaka Sembung   :  Bisa ya, hehe. Sampeyan maring ngeneh karo sapa?
Sindenrela          : Karo kanca mau, Mas.
Jaka Sembung   :  Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...”
Sindenrela          :  “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune pada bubar nek aku nyanyi.”
Jaka Sembung   : Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela          :  “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka Sembung   : Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?
Sindenrela          :  Emm... Yawis, selagu bae ya.
Jaka Sembung   :  Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik kae.” ( Jaka ngacungi panggung kang ana ing ngarepan para tamu )
Sindenrela          :  Iya, Mas.” ( Sinden mlaku enyang panggung )

Babak VI
( Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka Sembung akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Rahayu metu saka lawang mburi. Wong loro kiye mau ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune karo Rahayu. Sindenrela kang ndhuwur panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung dicegat ibu tirine karo mbakyune )
Ibu tiri                   : Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu apa, hah! Wis wani siki?!” ( narik narik tangane Sindenrela )
Rahayu                 :  Bisa-bisane ana nang kene kowe!
Sindenrela          :  “Wau, kula, anu...
Ibu tiri                   : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang kene. Cepet bali!” ( nyeret Sindenrela )
Sindenrela          :  “Tapi, Bu...”
Rahayu                 :  “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrela)

Babak VII
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umaeh Jaka Sembung. Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka Sembung )
Jaka Sembung   : Loh, Sinden? Arep ngendi? Deneng kesusu temen?
Sindenrela          :  Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu nang umah. Ngapurane ya, Mas.
Jaka Sembung   :  (nyekel tangane Sindenrela) Aja! Aja bali disit...
Sindenrela          :  Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” ( nguculake tangane saka Jaka, banjur mlayu)
Jaka Sembung   :  Sindeeeen!
Sindenrela          :  Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...
Jaka Sembung   : Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki sandale Sinden )
Sindenrela          :  Assalamu’alaikum...
Jaka Sembung   :  Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah karo Tukimin sing gumun nangapa Sindenrela mung sedela tok nang umaeh Jaka Sembung. Apa maning Sindenrela metu ora sandalan )

Babak VIII
 ( Esuk-esuke, umaeh Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu tirine, lan Rahayu, amarga sing teka kuwe Jaka Sembung )
Jaka Sembung   :  Assalamu’alaikum...” ( ngetok tok lawang )
Sindenrela          :  Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??
Jaka Sembung   :  Iya, Nden. Aku arep ana perlu.
Ibu tiri                   :  Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet! Mesti arep nggoleti Rahayu ya, Mas Jaka? Rahayuuu!!!”
Rahayu                 :  “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri                   :  “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.”
Rahayu                 :  “Moso? Apa iya, Mas?
Jaka Sembung   : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.
Ibu tiri                   : Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti Sindenrela?!”
Jaka Sembung   :  “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken Sindenrela dados garwa kula.”
Ibu tiri, Rahayu :  “Haaaaaah???????” ( kaget, mlongo )
Jaka Sembung   :  “Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu. “
Sindenrela          :  “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka Sembung   :  “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nrima apa ora, Nden?
Sindenrela          :  Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka Sembung   :  Nden?
Sindenrela          :  Eh, i..iya, Mas...
Jaka Sembung   :  Alhamdulillah....

( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )




JJJJ TAMAT JJJJ


Ruwatan ( Basa Jawa ( Jawa Tengah) )

 

           Ruwatan iku saka tembung “ngruwat” sing artine ngopeni. Dene upacara ruwatan iku ndueni teges ngresiki lan nyuciake menungsa saka kesusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.
         Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake manungsa saka ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga marang Gusti Allah, nyuwun perlindungan saka ancaman bahaya, umpamane bencana alam, uga ndonga nyuwun pangampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing isa nyebabake bencana utawa bakal nuwuhake sial. Upacara ruwatan iku sejatine isa dianggep kanggo tolak bala utawa buang sial.
Upacara Ruwatan iku sejatine saka cerita wayang Purwakala. Ceritane, wektu kuwi Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma mabur ing dhuwursamudro. Bathara Guru ora bisa nahan nepsu kepengen dadi siji marang Dewi Uma. Ananging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe Bathara Guru tiba ing donya lan malih dadi mahluk sing gedhe, yaiku raksasa. Raksasa iku dijenengi Bathara Kala. Kala takon marang bapake, menungsa sing koyo piye sing enthuk dadi pakanane. Bathara Guru jawab, yaiku menungsa sing anak sukerta, yaiku menungsa sing nduwe nasib sial amarga lairane utawa menungsa sing akeh dosa. Kala mudhun nggoleki menungsa iku. Bathara nembe sadar yen menungsa koyo kuwi ing donya akeh. Yen dipangani Kala, menungsa bakal enthek. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganakake Upacara Ruwatan. Lan Bathara Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji. Amarga kuwi, kanggo ngilangake sial wong Jawa nganakake Upacara Ruwatan kanggo ngusir Bathara Kala.
Menungsa kang ngalami sukerta yaiku ontang-anting (anak siji lanang), Ontang-onting (anak siji wadon), Kembang sepasang (kembar), Sendhang apit pancuran (lanang, wadon, lanang), Uger-uger lawang (anak loro lanang kabeh), Pendhawa (anak lima lanang kabeh), Kedhana-kedhini (anak loro lanang wadon), Gondhang kasih (anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih), Dhampit (anak loro lanang wadon kang laire bareng).
Ana pirang-pirang piranti sing kudhu ana  ning upacara ruwatan. Ana piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa lakon “Purwakala”, sesajen kang isine tuwuhan, kembang mayangloro, menyan, kain mori putih, gawangankelirsindur.Ugaanapanganan kang kudu anayaikusega Golong, sega Wuduk, Sega Kuning, macem-macem bubur, lan jajanaj-jajanan pasar.
Tata carane Upacara Ruwatan yaiku nanggap wayang purwa nganti lakon “Purwakala”, dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman. Sing nyukur wong tuane bocah kang diruwat, banjur rambut mau bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediake.
Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhung) ora pati cedhak-cedhaking papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan saka Upacara Ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujare, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang.
Menawadigateake, upacara Ruwatanikuoramung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung sesaje, nanging uga nduweni piwulang. Piwulange yaiku :
1.    Upacara Ruwatanikunuduhake rasa pepeling supaya manungsakereb sedekah kanggokeslamatane,
2.    Upacara Ruwataniku mesti anakaitanekaro Batara Kala, Kala kuwi artine wektu. Nduweni teges supaya menungsa bisa ngurmati wektu.
3.    Upacara Ruwatan iku kanggo ngresiki dosa-dosa, nduweni teges supaya tansah tumindak sing apik lan ngadohi tumindak sing ala.




҈ ҈ AnggraeniDIASsaputrI ҈ ҈

Meine Aktivität


Hallo.. Ich bin Anggraeni Dias Saputri, 17 Jahre alt, und wohne in Batang. Morgens fahre ich nach Batang in die Schule.
Täglich, mein Wecker klingelt um 5 Uhr stehe ich auf. Aufräumen das Bett, anbeten, duschen, frühstücken, vorbereiten die Bücher zum Unterricht. Danach, um sech Uhr dreiβig fahre ich in die Schule bei Motorrad ab. Ich bin circa 10 Minuten unterwegs.
Circa um sech Uhr vierzehn komme ich in die Schule an. In die Klasse arbeitet jeder noch etwas Hausaufgaben Machen, wiederholen Lernen, Laptop Spielen, Lesen, etc. Die Klasse beginnt um 7 Uhr pünktlich. In meiner Klasse gibt es 10 Jungen und 26 Mädchen. Montags, Dienstags, Mittwochs, und Donnerstags wir haben sech Stunden, um ein Uhr dreiβig die Klasse ist zu Ende. Freitags und Samstags, wir haben vier Stunden, um 11 Uhr die Klasse ist zu Ende.
Das ist Donnerstag. Um ein Uhr dreiβig die Klasse ist zu Ende. Circa um 14 Uhr bin ich zu Hause. Anbeten, essen zu Mittag. Ich bin sehr müde. Ich schlafe. Um drei Uhr dreiβig stehe ich auf. Duschen, danach anbeten. Wenn habe ich eine Kurz, gehe ich in die Kurs aus. Wenn habe ich keinen Kurs, habe ich Freizeit. Donnerstags habe ich keine Kurs und Ökologie-Arbeitsgemeinschaft. Habe ich Freizeitbeschäftigungen, z.B Lesen, Spazierengehen, Internet Spielen, etc.
Von 16 Uhr bis 18 Uhr Montags, Dienstags, Donnerstags, Freitags und Samstags, habe ich Ökologie-Arbeitsgemeinschaft und Kurs. Donnerstagnachmittags, manchmal swimme ich zusamen Freundinen.
Um sech Uhr dreiβig esse ich zu Abend zusammen Familie, mein Vater und meine Mutter.
Um 19 Uhr mache und lerne ich Hauseaufgaben. Das daurt circa zwei Stunden. Nachdem lernen, komme ich nach Wohnzimmer mit Mein Vater und meinen Mutter, fernsehen, diskutieren über Probleme und sprechen über morgen.
Um 22.00 Uhr schlafe ich.

Maket.. Oh Maket..




Sepulang acara pengajian disekolah, kan libur tuh. Udah banyak tuh yang ngajakin mau keluar. Tapi yaa, cuma aku jawab. Kalo aku udah udah puya rencana sendiri. Eh.. mereka ngajakin temen sekelompokku, dan aku buru-buru nanggepin, “Eits, ada kelompok yang mesti diselesein hari ini…”. Hahaha “ψ(´)ψ . Pingin banget rasanya kayak yang lainnya bisa santai santai ria, jalan jalan, atau paling nggak, buat waktu yang tepat untuk…. Ehm… hibernasi. Wkwkw. Selama masuk sekolah kan tidurnya selalu malem, bangunnya juga pagi. Jadi rasanya kalau ada hari libur itu, paling enak ya…. buat hibernasi.
                Tapi, berhubung akunya terobsesi pingin jadi seorang yang workaholic, rencana santai santai, jalan jalan atau hibernasi yang indah itu aku gantikan dengan kerja kelompok. Hahaha. Maaf ya Ayyana, Andhianni dan Pebi, temen temen sekelompokku yang ikut terseret dalam hal ini. Peace…. (_ _) saat aku post cerita ini dan kalian baca, aku harap kalian paham dan jangan ketawa ketiwi sendiri, ntar dikira gila, hehe.
                Oke cukup basa basinya, langsung capcus ngetiknya cerita tentang maket yang aduhai ini.
                Kembali ke awal saat pulang acara disekolah, pulang kerumah masing masing, buat ganti baju, makan, dan beli peralatan dan bahan yang diperlukan. Kumpul dirumahku jam sekian. Seperti orang Indonesia pada umumnya, ngareeeeeet. Aku benci deh. Luntang luntung kan tuh aku nungguinnya (Д´*) .
                Sebenernya maket udah setengah jadi sebelumnya, udah nyicil kan tuh. Nah waktu dirangkai gagal total (-___________-;) . Gemes. Pakai emosi ya ngetik “gemes”nya.. iuuh. Buat lagi kan tuh dengan taktik dan jurus yang baru. Buat lagi dari awal, dari buat pola, motong lagi, dan nempel lagi. Rencanya kerja kelompok hari ini mesti selesai, soalnya tinggal nempel nempel doank dan ngecat. Tapi ternyata mleset. Akhirnya menjelang sore, maket udah setengah jadi. Berhasil dirangkai dan tinggal dicat. Taktik dan jurus yang satu ini manjur juga…..
Si Ayyana, udah tepar nggak karuan. Pusing, mual, dan kayaknya kena penyakit berbahaya…. Masuk angin. Udah pake minyak tuuut *sensor di seluruh tubuh, ntar dikira promosi lagi, hehe. Sampai baunya kemana-mana. Dan yang paling nggak banget adalah, dia nginjak kaca mataku. Oh tidaaaaaakkk.! Pecah kan tuh (━┳━ _ ━┳━) . Ada lagi yang rada rada hampir tumbang, si Andhianni. Udah gulang guling sendiri sakit kepala. Ditambah, dia itu nggak tahan bau minyak *tuuuuut, jadi makin gulang guling deh tuh. O ow, sudah cukup yang tepar. Cukup. Jangan ada lagi korban yang berjatuhan. Untungnya, si Pebi tahan banting. Hehe. Dan aku.? Jangan ditanya, efek baru terasa setelah malam tiba. Tepar tak bergerak diranjang, haha.
                Nah, pengecatan jangan sampai ada yang salah. Jangan sampai ada yang nggak perfect, harus top pokoknya. Pertama, berdebat tentang warna atap, dinding, model pengecatan, dan aksesoris. Paling lama deh ini mikirnya, ada acara berdebat dan kekurang cat segala. Harus bolak balik beli cat, sampai yang jual hafal dan kalau datang kesitu lagi, nawarinya selalu... “Mb mau cat warna apa.? Kaleng kecil kan.? Sekalian pengencernya nggak.?”. Eh aku jawabnya, “Mau beli kuas aja kok mas...”, nggak nyambung (;-_-) .
                Taaaaa raaaaa..... Dan akhirnya selesai juga. Maket yang dibuat seharian dengan keringat, dan pengorbanan. Dan tahu nggak.? Setelah seharian kerja rodi dirumahku itu, hari berikutnya Ayyana nggak berangkat. Sakit..... masuk angin mungkin (_) .
                Saat penilaian, ternyata banyak juga yang belum jadi. Aku sudah menduga. Tapi kami dapat hal posifnya kan guys.? Saat mereka sibuk kerja kelompok kesana kemari, kita udah santai santai, senangnya… dan kalian tahu satu hal.? Kami adalah pelopor aksesoris imut…. (=^・ェ・^=) Hahaha. Senangnya…. Saatnya hibernasi guys….. ZzzzzZZZzzz…….. Σ( ̄。 ̄ノ)





Goodbye Weekend


Melem Minggu.? Asikkkkk…. tapi... Itu dulu… (━┳━ _ ━┳━)

Dan rasanya sekarang udah nggak ada yang namanya hari libur. Nggak ada yang namanya holiday weekend. Nggak ada yang namanya malem Mingguan. {{|└(>o< )┘|}}

Ehm… Emang sih, dari dulu kalau malem Minggu nggak pernah ada acara apel ala remaja. Mau jomblo atau pun enggak, hehe. Abis malem Minggu itu waktunya untuk kumpul keluarga, jalan jalan kek, makan malem diluar bareng kek, atau apalah. Kalau nggak bareng kelurga, ya malem Mingguan sama lappy dan modem, wkwk. Nggak suka pergi malem malem tanpa tujuan yang nggak jelas. (´−)

Bicara soal sekarang. Malem Minggu adalah malam yang paaaanjaaaang. Bukan untuk diapelin pacar, tapi untuk seabrek tugas yang udah meronta ronta minta diapelin. Haduh. Untung nggak punya pacar, kalau punya mau ditaruh mana tuh pacar. Orang waktu buat diri sendiri aja nggak ada kok.. (-___________-;)

Kayaknya udah nggak ada waktu untuk nganggur. Pulang sekolah udah sore, abis itu les, nyampe rumah tinggal capeknya doank. Kesel deh. Mending kalau nggak ada ulangan atau tugas buat besoknya, sayangnya bapak ibu guru itu sayaaaang banget sama muridnya, jadi teruuuus aja ngasi tugas individu ataupun kelompok. (ーー;

Tugas individu sih bisa dikerjain kapan aja, bisa sewaktu waktu kalau ada waktu luang, kalau nggak ada ya bisa dilembur sampe malem juga no problem. Lah kalau tugas kelompok.? Waduh, mesti mikir 3x deh, mikir tempat, waktu dan suasana. Kayak unsur intrinsik latar aja nih, ada tempat waktu suasana, wkwk. Tempatnya yang harus strategis, jadi adil nggak ada yang terlalu jauh. Waktu yang tepat, jadi bisa ngerjain dengan durasi yang lama, sekali kerja kelompok bisa langsung kelar. Enggak kepotong potong. Dan tentu aja, pada bisa hadir semua. Suasana yang pas, kalau pada lagi bad mood semua, kacau deh tugasnya. Belum uang yang dikeluarin buet ini itu dan lain lain. Dan inti dari semua ini, kerja kelompok harus pake hari Minggu untuk ngerjain tugas itu. (ω)

Malem Minggu, tugas individu. Hari Minggunya tugas kelompok. Goodbye weekend………..

Doakan saya tetap kuat dalam situasi yang genting ini….. semoga Allah memberikan kesehatan, kelancaran dan kemudahan. Semoga dapat melewati ini semua, ditutup dengan happy ending…. Aamiin… (*)

Semoga, bersakit sakit dahulu, bersenang senang kemudian… Aamiin… ~()