Get me outta here!

Ruwatan ( Basa Jawa ( Jawa Tengah) )

 

           Ruwatan iku saka tembung “ngruwat” sing artine ngopeni. Dene upacara ruwatan iku ndueni teges ngresiki lan nyuciake menungsa saka kesusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.
         Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake manungsa saka ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga marang Gusti Allah, nyuwun perlindungan saka ancaman bahaya, umpamane bencana alam, uga ndonga nyuwun pangampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing isa nyebabake bencana utawa bakal nuwuhake sial. Upacara ruwatan iku sejatine isa dianggep kanggo tolak bala utawa buang sial.
Upacara Ruwatan iku sejatine saka cerita wayang Purwakala. Ceritane, wektu kuwi Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma mabur ing dhuwursamudro. Bathara Guru ora bisa nahan nepsu kepengen dadi siji marang Dewi Uma. Ananging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe Bathara Guru tiba ing donya lan malih dadi mahluk sing gedhe, yaiku raksasa. Raksasa iku dijenengi Bathara Kala. Kala takon marang bapake, menungsa sing koyo piye sing enthuk dadi pakanane. Bathara Guru jawab, yaiku menungsa sing anak sukerta, yaiku menungsa sing nduwe nasib sial amarga lairane utawa menungsa sing akeh dosa. Kala mudhun nggoleki menungsa iku. Bathara nembe sadar yen menungsa koyo kuwi ing donya akeh. Yen dipangani Kala, menungsa bakal enthek. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganakake Upacara Ruwatan. Lan Bathara Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji. Amarga kuwi, kanggo ngilangake sial wong Jawa nganakake Upacara Ruwatan kanggo ngusir Bathara Kala.
Menungsa kang ngalami sukerta yaiku ontang-anting (anak siji lanang), Ontang-onting (anak siji wadon), Kembang sepasang (kembar), Sendhang apit pancuran (lanang, wadon, lanang), Uger-uger lawang (anak loro lanang kabeh), Pendhawa (anak lima lanang kabeh), Kedhana-kedhini (anak loro lanang wadon), Gondhang kasih (anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih), Dhampit (anak loro lanang wadon kang laire bareng).
Ana pirang-pirang piranti sing kudhu ana  ning upacara ruwatan. Ana piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa lakon “Purwakala”, sesajen kang isine tuwuhan, kembang mayangloro, menyan, kain mori putih, gawangankelirsindur.Ugaanapanganan kang kudu anayaikusega Golong, sega Wuduk, Sega Kuning, macem-macem bubur, lan jajanaj-jajanan pasar.
Tata carane Upacara Ruwatan yaiku nanggap wayang purwa nganti lakon “Purwakala”, dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman. Sing nyukur wong tuane bocah kang diruwat, banjur rambut mau bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediake.
Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhung) ora pati cedhak-cedhaking papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan saka Upacara Ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujare, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang.
Menawadigateake, upacara Ruwatanikuoramung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung sesaje, nanging uga nduweni piwulang. Piwulange yaiku :
1.    Upacara Ruwatanikunuduhake rasa pepeling supaya manungsakereb sedekah kanggokeslamatane,
2.    Upacara Ruwataniku mesti anakaitanekaro Batara Kala, Kala kuwi artine wektu. Nduweni teges supaya menungsa bisa ngurmati wektu.
3.    Upacara Ruwatan iku kanggo ngresiki dosa-dosa, nduweni teges supaya tansah tumindak sing apik lan ngadohi tumindak sing ala.




҈ ҈ AnggraeniDIASsaputrI ҈ ҈

1 comment:

  1. Ruwatan memang selayaknya dilestarikan. Budaya ini sangat bagus manfaatnya. Ini merupakan salah satu Budaya Jawa yang Adiluhung. Syarat akan Doa dan Permohonan bagi kita Umat Manausia. Siapapun boleh ikut Ruwatan ini. Menurut saya, orang yang perlu diruwat adalah orang-orang yang percaya akan Sang Pencipta,bahwa segala bentuk Permohonannya akan dikabulkannya. Dalam Prosesi ini sayarat akan Doa Dan Permohonan untuk Keselamatan Kita. Membuang hal-hal yang merugikan kita,yang menghalangi perjalanan hidup manusia. Jadi menurut saya yang boleh ikut Diruwat tidak hanya orang-orang yang masuk dalam Kategori Sukerta saja melainkan siapa saja yang merasa dirinya banyak mengalami rintangan dalam hidupnya ada baiknya ikut diruwat.

    ReplyDelete